Laman

c

Minggu, 09 Juni 2019

PORO SEDULUR..



Riyayané wus mungkur
Sanak sedulur wus padha kundur
Ana sing numpak mobil ana kang numpak sepur
Malah uga ana sing numpak montor mabur
Merga sesuk wis enek sing ora libur
Apa manèh sing dadi aparatur
Énggal kudu ngayahi jejibahan luhur
Nindakaké tupoksi kang wus diatur
Kanggo nggayuh masyarakat adil makmur
Baldatun toyibatun warofun ghofur
Muga2 padha diparingi panjang umur
Rejekine sempulur
Ngibadahé saya teratur
Silaturahmine ora kendhur
Murih saya rumaket le dadi sedulur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

c