Laman

c

Senin, 10 Juni 2019

Sauuuuuuuuuuuurr



Sauré Pegawai Negri
Lawuhé gudheg gori
Karo osèng teri lan pèpès tengiri
Minumé nutrisari
Pacitan roti mari
Dhasar bar nompo gaji bulan Juni ketambahan tunjangan idul fitri
Mongko mulai sesuk wis prèi
Mulo mukané berseri
Awit iso tuku kathok klambi karo kebutuhan sehari hari
Kabèh kudu disyukuri
Rampung saur terus nang mburi
Wudlu ngresiki tangan, sikil lan rai
Terus tindak masjid karo anak istri
Jamaah subuh ojo nganti kèri
Rampung subuh Qur'ané dipelajari
Donga panyuwunan ugo dilubèri
Ngaturké panuwun awit pinaringan rejeki
Persasat cukup ngarep turah mburi
Nyuwun ngapuro dosa luput kang wus kawuri
Mugo2 Lailatul Qodr ugo biso terpatri
Supoyo ibadah romadloné ora ciri
Slamet ndonya slamet ukhrowi
Insya'Alloh mbèsuk mlebu swargo tanpo mbukak kori
Wus cumepak kari ngenggoni
Aamiin

Sugeng dhahar saur

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

c